MATERI
BASA JAWA KELAS XII SEMESTER 1
BAB 1. Pawarta
Pawarta yaiku palaporan ngenani prastawa utawa kedadeyan kang
nendheng wae dumadi. Pawarta kang becik iku kudu bisa narik kawigaten, nuwuhake
greget lan aweh katrangan marang para sing maca utawa sing padha ngrungokake.
Perangan kabar sing kalebu dadi pawarta, yaiku:
o Kabar manuk, yaiku pawarta sing
durung dimangerteni bener lan lupute kedadeyan sing sebenere.
o Kabar kulawarga, yaiku pawarta sing
ana sambung rapete karo kulawarga.
o Kabar susah utawa bungah, yaiku
pawarta sing gawe seneng utawa susahing atine sing miyarsa lan sing mirsani
pawarta iku.
o Kabar nagara, yaiku pawarta sing
resmi saka negara.
Menehi tanggapan tumrap pawarta uga ana bab-bab kang perlu
digatekake, kayata:
o Tanggapan dijlentrehake kanthi
panjlentreh kang cekak, padet, lan uga digunggun kanthi sistematis.
o Pasulayan kang bakal ditanggapi kudu
cetha.
o Tembung sing digunakake kudu gampang
dimangerteni dening liyane.
o Tanggapan kudu kinantenan alasan logis,
diwenehi fakta lan bukti-bukti sing relevan.
Bobot timbang surasane pawarta ana enem, yaiku:
o Jeneng, pawarta kang digiyarake
nyebut jenenge wong kang penting utawa kawentar, tuladhane tokoh politik,
artis, lan tokoh agama.
o Anyar, pawarta kang prastawane sing
lagi wae dumadi, isih dadi undering rerasan ana ing masarakat.
o Penting, pawarta sing digiyarake
ngenani kahanan kang langka kedadeyan, kedadeyan gedhe, ana sambung rapete karo
bebrayan akeh.
o Caket, kedadeyan kang digunakake dadi
pawarta yaiku kedadeyan sing cedhak karo kahanan masarakat.
o Unik, prastawa kang digiyarake gawe
gumun masarakat sing mirsani.
BAB 2. Drama
Drama yaiku tiruane kauripane manungsa kang diproyeksikake
utawa ditampilake ana ing dhuwur pentas. Drama uga diarani sandiwara. Babagan
kang kudu ana ing naskah drama utawa sandiwara, yaiku:
o Naskah drama kang komplit duwe
ancer-ancer kang cetha ngenani: latar, akting, piranti-piranti, kostum,
monolog, dialog, tata rias lan tata panggung.
o Katrangan utawa ancer-ancer tinulis
ing saben adegan.
o Piranti-piranti kang digunakake saben
adegan mesthine beda.
o Tata lampu lan tata musik kang
digunakake saben adegan uga mesthi beda.
o Pamilihing paraga kudu sumbut karo
karepe crita.
o Akting lan swara anggone micara kudu
sumbut karo paraga kang dimainake.
o Sutradara kudu bisa ngatur kabeh
babagan kang katulis ing dhuwur.
Unsur-unsur kang kudu ana ing drama, yaiku:
o Paraga utawa tokoh
Tokoh yaiku pawongan kang duweni peran ana ing sawijining drama.
Miturut dalane crita, tokoh dibedakake dadi telu, yaiku:
§ Tokoh protagonis, yaiku tokoh kang nyengkuyung
dalane crita.
§ Tokoh antagonis, yaiku tokoh kang nentang dalane
crita.
§ Tokoh tritagonis, yaiku tokoh pambiyantu bisa
kanggo mbantu tokoh protagonis utawa tokoh antagonis.
o Pacelathon (Dialog)
Tuntutan kang kudu dicukupi ana ing sajroning pacelathon,
yaiku:
§ Pacelathon kudu nyengkuyung gerak lakuning
paraga.
§ Pacelathon kudu diucapake kanthi seru lan tertib
tinimbang pacelathon kang dilakokake saben dinane.
o Alur
Alur yaiku gayutane prastawa lan konflik kang dirajut kanthi
padudan kang nuju ana ing klimaks lan pambubaraning padudon.
§ Alur maju yaiku nyritakake prastawa-prastawa saka
wiwitan nganti bubar.
§ Alur mundur yaiku nyritakake prastawa-prastawa
saka bubaran banjur diwalik nyritakake prastawa kang kawiwitan.
§ Alur campuran yaiku campuraning alur maju lan
alur mundur.
o Latar
Latar yaiku katrangan babagan panggonan, ruang, lan wektu ana
ing naskah drama.
Jinis-jinising drama, yaiku:
o Balet, gabungane tari lan musik ana
ing pamentasan sawijining lakon.
o Berutuk, drama topeng kang ana ing
Trunyan, Bali.
o Drama komedi, drama kang diwernani
swasana seneng utawa lucu.
o Drama tragedi, drama kang diwernani
swasana sedhih.
o Drama tragedi-komedi, drama kang
nyritakake bab kasenengan lan kasedhihan.
o Hudog, drama ritual masarakat Dayak.
o Kethoprak, drama rakyat asal Jawa.
o Ludruk, drama rakyat saka Jawa Timur.
o Wayang, seni pertunjukan tradisional,
lsp.
Ngapresiasi utawa mbahas pementasan drama kudu gatekake
babagan ing ngisor iki:
o Pambuka
1) Wenehana isi
ringkesan drama
2) Wenehana
himpunan utawa lembaga sing mentasake drama
3) Panggonan
lan wektu drama dipentasake
4) Panulis
drama (manawa dimangerteni)
o Isi
1) Kepriye
isine drama, gmpang dimangerteni apa ora
2) Kepriye
pacelathon kang dienggo ana ing drama
3) Apa jinising
drama lan karaktere pelaku
4) Kepriye
sesambungane babagan sing siji lan sijine
5) Apa pesen
sing ana ing drama
6) Kepriye basa
kang digunakake
o Panutup
Sing kudu ditulis ana ing kesimpulan yaiku saran lan simpulan
sing bisa dijupuk saka drama sing diapresiasi.
BAB
3. Kabudayan
o Warna-Warnane Wayang
Wayang manut critane cacah sewelas, yaiku:
1) Wayang
Purwa, yaiku crita wayang sing nyritakake Wayang Kadhewatan nganti tekan Prabu
Parikesit. Wayang Purwa kaperang dadi papat, yaiku:;
o Kedhewatan : crita wayang sing nyritakake
para dewa wiwit Sang Hyang Manikmaya, Sang Hyang Ismaya, Sang Hyang Ismaya,
Sang Hyang Tejamaya lan kabeh dewa lan dewi.
o Arjuna Sasra : crita wayang sing nyritakake
perange Prabu Arjuna Sasra karo Dasamuka, klebu lakon Sumantri lan Sukrasana.
o Ramayana : crita wayang
kang nyritakake Prabu Rama mungsuh Rahwana jalaran ngrebut Dewi Sinta.
o Mahabarata : crita wayang kang
nyritakake Kulawarga Barata (Pandhawa lan Kurawa) wiwit cilik nganti perang
Bratayudha Jayabinangun.
2) Wayang
Madya, yaiku nyritakake Prabu Yudayana tekan Prabu Jaya Lengkara. Crita wayang
iki namung dipentasake ana ing kraton.
3) Wayang
Antara, yaiku nyritakake Sri Gatayu tekan Panji Kudalaleyan.
4) Wayang
Wasana, yaiku nyritakake lakon Damarwulan karo Minakjingga.
5) Wayang
Dupara, yaiku nyritakake lakon Babad Tanah Jawa.
6) Wayang
Golek, yaiku nyritakake lakon Amir Ambyah lan Umarmaya, crita babone saka Babad
Menak, layang Menak (Timur Tengah).
7) Wayang
Gedhok, yaiku nyritakake lakon Panji (wayang sing digawe saka kayu).
8) Wayang
Beber, yaiku gambar wayange ana geber sing bisa digulung, caritane bisa
mawarni-warni.
9) Wayang
Kidang Kencana, yaiku nyritakake bangsane kewan.
10) Wayang Wahyu, yaiku nyritakake
lakon sing ana sambung rapete karo agama Kristen.
11) Wayang Suluh, yaiku nyritakake
kahanan negara saiki kanggo panerangan program-program pamarintah.
o Dasanama Sawetara Wayang
1) Semar =
Ismaya = Badranaya = Nayantaka = Sukma Sujati = Sukma Ekalaya
2) Kresna =
Narayana = Padmanaba = Wisnu Murti = Wasnu Dewa Putra = Narasinga
3) Anoman =
Anjani Putra = Kapiwara = Rewandapingul = Wanara Seta = Rama Handaya Pati =
Senggana
4) Puntadewa =
Yudhistira = Wijakangka = Gunatali = Darmakusuma = Ajata Satru
5) Arjuna =
Pamade = Danajaya = Janaka = Pamardi = Premadi = Margana = Mintaraga =
Kendhittatnala = Jlamprong = Endra Tanaya = Ciptaning = Wijarnaka
6) Wrekudara =
Bima = Jagabilawa = Bratasena = Bayu Putra = Wijasena = Arya Panenggak
o Paraga sing Nyengkuyung Pagelaran
Wayang
1) Dhalang,
yaiku paraga sing nglakokake lakuning pagelaran.
2) Sindhen
utawa waranggana, yaiku paraga sing ngrengga iramaning gamelan.
3) Niyaga utawa
pangrawit, yaiku sing nabuh gamelan manut larasing gendhing.
o Piranti Pagelaran Wayang
1) Kelir, yaiku
nggambarake langit utawa angkasa.
2) Blencong,
yaiku nggambarake srengenge rembulan lan lintang.
3) Debog, yaiku
nggambarake bumi.
4) Kothak,
yaiku nggambarake sangkan paran.
5) Cempala,
yaiku nggambarake sasmitaning urip.
6) Keprak,
yaiku nggambarake ilining banyu utawa getih.
7) Wayang,
yaiku nggambarake manungsa.
8) Gamelan,
yaiku nggambarake mobah osiking kahanan jagad saisine.
9) Kayon, yaiku
nggambarake gunung, alas, geni, segara, prahara, angin, lan sapanunggalane.
BAB 4. Wawan
Rembug
Wawan rembug yaiku omong-omongan ing antarane wong siji lan
sijine kanthi adhep-adhepan. Sajroning nindakake wawanrembug lumrahe ngasorake
dhiri pribadi, kosokbaline ngluhurake wong liya.
Bakune wawan rembug iku kaajab bisa lumaku kanthi prayoga
manawa kabeh padha dene gelem ajen-ngajeni. Ana pitutur sawetara sing
sesambungan karo wong sing nindakake wawanrembug iku, yakuwi “Ajining dumunung
ana kedaling lathi”, tegese wong iku diajeni lan orane iku awit saka pangucape
dhewe. Mula ngati-ati anggone ngucap, ngucapa sing becik, ing satemah agawe
senenge atine wong liya.
BAB 5. Ukara
Carita
Ukara carita yaiku ukara sing isine nyritakake sawijining bab
utawa prastawa marang wong liya. Ukara carita (Basa Indonésia: kalimat tak langsung) iku
ukara jroning Basa Jawa sing nélakaké pacelathon sacara ora
langsung. Tuladha :
- Dhèwèké
kandha yèn ora gelem diganggu gawé.
- Ngendikané
ibu yèn wis rampung gèk ndang mangan.
- Jaré
Ki Walang bocahé ayu tur pinter dandan.
|
BAB 6. Sesorah
utawa Pidhato
o Tujuan Sesorah, yaiku:
1) Menehi
informasi utawa katrangan sawijining perkara (penyuluhan kesehatan, lsp).
2) Menehi
hiburan utawa raos panglipur marang pamiyarsa (sabdatama utawa dhagelan).
3) Menehi
palapuran utawa atur palapuran (lapuran ketua OSIS).
4) Menehi
piwulang (da’i, sabdatama, lsp).
5) Mbujuk utawa
ajak-ajak supaya sing ngrungokake, nindakake apa sing dikarepake pamicara
(kampanye, lsp).
o Jinising Sesorah Miturut Kahanan
1) Kahanan resmi,
pamicara maca naskah kang wis dicawisake, supaya ora salah anggone sesorah.
Pamicara ora bisa ngandharake sesorah kanti sakarepe dhewe, amarga wektune wis
diatur (pidhato kenegaraan, pidhato sambutan ing mantenan).
2) Kahanan
setengah resmi, pamicarane bisa ngandharake pidhato kanthi rada longgar,
nanging kahanan rada resmi kudu tetep digatekake.
3) Kahanan ora
resmi, pamicarane bisa ngandharake pidhatone miturut tujuwan utawa selerane
pamirenge.
4) Kahanan
liya-liyane,
o Pamirenge lungguh utawa ngadeg
(manawa pamirenge ngadeg, luwih becik pidhatone sedhela wae)
o Wektune bisa esuk utawa awan
o Pamicara kudu nduweni daya
pangaribawa marang cara ngandharake pidhato.
o Cara Pidhato, kaperang dadi papat
yaiku:
1) Mawa teks
utawa naskah (methode maca)
2) Ngapalake
naskah pidhato
3) Ekstemporan:
ngapalake wose banjur ngrembakakake wicara nalika pidhato (njlentrehake
cengkorongan pidhato)
4) Improptu:
pidhato sing ditindakake kanthi spontan (tanpa persiyapan)
Aspek-aspek kang kudu digatekake nalika pidhato, yaiku:
No
|
Aspek sing Dibiji
|
Katrangan
|
1
|
Lafal
|
Anggone ngucapake tembung apa wis bener
|
2
|
Intonasi
|
Kepriye intonasi swarane
|
3
|
Volume
|
Seru lirihe swara
|
4
|
Antepe tembung
|
Tembung-tembung sing dienggo wigati lan mantep
|
5
|
Solah bawa lan kawanen
|
Solah bawane sajroning pidhato, nyawang pamiyarsa apa
ndhingkluk (komunikatif apa ora)
|
6
|
Panjangka
|
Panjangkane oleh kawigaten saka pamiyarsa apa ora
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar